Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

17. NGLEBOER DOSA IN DINTEN RIADI

MEGATROEH
 
Sampoen poetoe gegrija wonten ing doesoen,
dongkolan prijantoen alit.
kempal anak djaler nganggoer;
ingkang sanés sami tebih,
lebar bakda sami tindjo.
 
Saha bodjo kerigan saanakipoen,
djaler èstri ageng alit.
reréjongan lampahipoen;
anggegéndong anjenjangking,
sadaja manganggé mramong.
 
Singa dateng andjoedjoeg ing soemoer: wisoeh,
mlebet ing grija ngentosi;
sadèrèk sepoeh kang kantoen.
Pinanggihan sawatawis,
laré-laré ngoebres kebon.
 
Késah-dateng, roentang-roentoeng toembas tahoe,
petjel, teboe, katjang, oewi.
Djogan grija wingking sampoen:
kagelaran lampit deling,
bamban oetawi pendjatos.
 
Tengah leres ngandap lampoe, ladjeng baboet,
oeroet pinggir klasa pasir,
warana koerasi bawoek,
minangka ngalingi kori;
pinggir dawir tengah bolong.
 
Ngandap talang pandapi panggénanipoen,
sawingkinging médja koersi;
pepak anak, mantoe, poetoe,
ngadep kaki toewin nini,
reraosan omong-omong.
 
Ngombé wédang kopi téh sasenengipoen,
para èstri sisih wingking,
djaler sami djaleripoen,
njamikan djoewadah tjriping,
nagasari djenang dodol.
 
Embah èstri ngatag dateng anak sepoeh:
"mBok wis ta endang ngawiti,
wong wis pepak, bèn ndang rampoeng;
kowé sing toewa ndisiki,
njontoni menjang sing enom".
 
Anak mbadjeng mangsah ngroemijini oedjoeng,
saweg moendoer badé ngalih,
saking bapa dateng iboe,
bodjonipoen anoetoeti,
oeroet pernah gantos-gantos.
 
Para sepoeh soemèh padang oelatipoen,
saben wonten ingkang bekti:
mantoek nekem dengkoelipoen,
ketingal sanget kedoegi,
déné toeroenipoen dados.
 
Beranahan wiloedjeng, sinawang roekoen,
ndongakaken moegi-moegi,
slamet waras roen-toemoeroen,
Embah èstri angatjoewis,
soeng pangèstoe ngondok-ondok.
 
Nekem dengkoel ingkang katoetoepan katjoe,
abrit, mambet lisah wangi,
ngemèk sirah poendakipoen,
anak ingkang angoedjoengi,
jèn èstri kaamboeng séngok.
 
Leladjengan moendoer saking bapa-bijoeng,
sadèrèk enèm ngabekti,
dateng ingkang pernah sepoeh,
salong namoeng dipoen tampi,
sami salaman kémawon.
 
Santoen para poetoe kaatag angoedjoeng,
boten kénging isan-isin,
dijon irèn plingkar-plingkoer,
katjènèng dipoen warahi,
sila njembah lakoe dodok.
 
Sila njembah tangan kalih njanggi dengkoel,
ngamboeng nènglèng nampi poedji,
tangi njembah ladjeng moendoer,
badé linggih njembah malih.
Poen embah nggoegoek kémawon.
 
"Dèk alamé si kaki embahmoe boejoet,
akoe bingèk idjèh tjilik",
makaten saladjengipoen,
para ladjering pamili,
dados bakoening tjarijos.
 
Anak- anak nakèkaken asal-oesoel,
gatoekipoen ngrika-ngriki,
tjanggah warèng noeroet- noeroet,
djapa mantra adji- adji,
katjatetan ing parimbon.

Manoet tjarijosing tijang sepoeh, tijang bakdan poenika djedjering perloe ngloewari soengkawa, ngleloeri lelampahanipoen Nabi Panoetan agami, nalika keseser saking paprangan. Déné panampi koela, tijang abangan poenika, bakdan makaten ambroewah satelasing Sijam sawoelan, kaping kalih: pitrah, kaping tiga ingkang perloe ageng toemraping bangsa koela: oedjoeng-oedjoengan, (silatoerahmi, alal bahalalan). Kantja alit manawi pitrah dateng modining doesoenipoen, oetawi dateng kjai langgar, (oewos sadangan, sadak [gantal], jatra wadjib kalih sèn). Sawenèhing moetihan ingkang tjekap-tjekap, pitrahipoen pangaos katah, katampèkaken sami sadèrèk moeslimin soegih; déné ingkang nampèni pitrah poenika mangké gentos pitrah dateng tijang waoe, soemerep mangsoelaken pangaosing pitrah ingkang katampi ingadjeng. Dados bak-boek kémawon.

Tijang bangsa sepoeh kina, jèn malem riadin boten tilem, grija kabikak kémawon, dilah-dilah kapandjer. Wiloedjengan ing wantji daloe boten kénging kantoen, ing tengah daloe koetoeg boemi, koetoeg djagad, (koela boten terang ingkang dados emèl oetawi oedjoebipoen). Éndjingipoen adoes kramas riaja, ladjeng sembahjang riadi. Tijang ingkang kepernah eném, anak poetoe: kedah oedjoeng (ngabekti) dateng para sepoeh, laré-laré inggih dipoen warahi. Kadjenging oedjoeng (salaman toemrap ingkang babag ném-sepoehipoen), poenika neda pangapoentening kalepatan ing sataoen ingkang kapengker, lan neda pangestoe wiloedjeng. Jèn tjara ahli sepoeh, temboengipoen manawi oedjoeng waoe katah, koela boten saged nirokaken, margi namoeng gremeng-gremeng kémawon, salong tjara Djawi, salong tjara Arab. Katah tijang sepoeh ingkang sakit manahipoen, jèn wonten sanak eném alal-bahalal namoeng tjarijos perloening tetoewi, boten mawi ngamboeng dengkoel. Poenapa pitoewi makaten dèrèng-kénging katampi absah, lan njoewoen ngapoenten ing dinten riadi poenika langkoeng katarimah katimbang ing sawantji-wantji? Koela kinten inggih makaten, sabab pangapoenten poenika sampoernanipoen jèn midjil saking tijang ingkang ketaman kasalahan kita. Katik anggénipoen angapoenten poenika ngleresi para sepoeh sami rena ledjar ing manah, malah sinedya badé ngapoenten ing dinten poenika, wah mawi kasemboeh lampah sijam ngengirangi ing dalem sawoelan. Botena makaten, saweg noenoet dajaning sedyanipoen oemat Islam pinten-pinten joeta ingkang badé ngleboer dosa kanti manah soetji poenika kémawon: tamtoe katarimah paneda ngapoera waoe. Sarèhning sami lila, dados ingkang roemaos gadah salah ladjeng èntèng angen-angenipoen, déné ingkang soeka pangapoenten oegi mantoen ènget dateng rerengoening manahipoen. Kantoen dosa dateng Hjang Agoeng, poenika kedah tineboes ing pamartobat.

(sebelum, Daftar Isi)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788