Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

6. BARONGAN

Tontonan kawak ingkang mesti medal jèn wonten ramé-ramé, inggih poenika barongan lan djaranan, jèn kanggé ngarak pangantèn: mèh tamtoe wonten rejogipoen. Ing dinten ariadi tjara kina, taksih éndjing oemoen-oemoen sampoen wonten oengeling kempoel djaranan: deng-noeng, deng-goeng; deng-noeng, djeng-djoer … Poenika djaranan ingkang sampoen dateng kala wingi-wingi, sipeng ing grijanipoen loerah doesoen. Ing wantji sonten ngadjengaken bakda, ketingal aseloer tijang langkoeng ambekta rontèk, waos, angkloeng, èblèg, djaranan lan koedoeng barongan.

Swaraning kempoel djaranan waoe adamel enggar manahing laré-laré, ingkang sami martosaken: djaranan Toeloenagoengan, poenapa Panaragan; ingkang andadèn: baronganipoen poenapa tjèlènganipoen. Makaten rembaging laré. Djaranan Panaragan poenika limrah dados panariking tijang nonton, amargi baronganipoen ageng krembjah-krembjah, ingkang kadamel laring merak. Tijangipoen gotot-gotot singset ambengkijeng, dasar sami warokan, oedeng woeloeng, rasoekan woeloeng, sroewal woeloeng gembjong, oesoes-oesoes pandjang sinèrèd agombjok sajèt. Tijang Panaragan pantjèn birai lan remen sanget dateng barongan lan djaranan. Koela matoer: dalah laré ingkang saweg, adeg-adeg anteb, jèn ing Panaraga inggih sampoen dolanan barong-barongan, ingkang kadamel roempoet dondoman oetawi sanèsipoen. Dados karemenan dateng barongan waoe, toemraping nagari Panaraga kénging katemboengaken: roemasoek ing baloeng soengsoem, ngantos saged toemoeroen dateng anak, dados watekipoen tijang Panaraga.

Jèn, arak-arakan, sampoen malampah; barongan poenika toemoet. Saben onder-distrik saged ngedalaken barongan oetawi djaranan, mila pepirengan ing aloen-aloen, poenika boten wonten malih kedjawi taboehaning djaranan, pating krenoeng, pating djlegoer. Slomprètipoen atijèt-tijèt, woedjoedipoen ageng pandjang, warni tjemeng sineloet salaka, pinatik pakoe djamoer koeningan, gèk tjoetjoepipoen pinasangan toetoep batok tjemeng, mèpèt ing tjangkem saista brengos andjekètèt, nanging ngaweng wijar kalih njari. Dasar panjomprètipoen: tijang tjemeng andap alit ipel-ipel, pipi mlendoeng mripat maleleng. Jèn lampahipoen sampoen mèh doemoegi ing pandapi kaboepatèn, barongan saha djarananipoen ladjeng andjogèd. Barongan mlampah kados tijang pentjak, lamboeng ketingal égad-égod, weteng ambaledèh, setagèn tjemeng wijar kinendit èpèk soelaman, timang oelan-oelan amaripat mirah, njoté doewoeng saroengan gajaman semoe mandelep, namoeng ketingal oekiranipoen kémawon. Gèk madjeng, gèk moendoer, gobig, ngebjok, njaplok-njaplok, njander amboedjeng laré, ladjeng ngadeg angaglah tangan andaplang, noenten malampah tanpa ebah poendakipoen, nanging sarwi ngenggeg-enggeg goeloe, mila soerinipoen lar merak ingkang wijar andjebabah, poenika ketingal ngempjog-empjog poetjoekipoen. Déné djarananipoen sakawan oetawi langkoeng, ngémba kapal ngentrag alon, njirig, malang-malang ngoendoeraken tijang nonton. Boedjangganongipoen itak-itik sadjak wigatos kados oepsir nata baris. Manawi radjawana ambrakot, oetawi mlodjang-mladjeng, taboehanipoen kasesegaken, angkloengipoen ngeter, tijang ingkang nonton esoek-ingesoek, poendi ingkang katebak ing radjawana: oejel-oejelan. Manawi barongan manggoet-manggoet, kantja ingkang ngiring sami njenggaki: he! he! hoe! hoe! ..., rojom sanget. Makaten ingkang dados kagagahaning tijang Panaraga. Gèk kendangipoen pandjang sadepa koemaloeng ing pangendang, tijangipoen ageng inggil, andètèng, djoengkat penjoe ketingal njentang kados singat, koentjoeng oedeng sakilan ngetjotjong,

Djaranan Toeloengagoengan poenika alit kémawon, nanging andadèn, terkadang pinoedjoe wonten ingadjeng pandapi radjawananipoen andados, ngadeg ambergagah, lenggak-lenggak tangan andaplang kedjeng, ngendegaken arak-arakan, gamboehipoen èbjèg andjampéni. Terkadang tjèlènganipoen andados njander-njander, malah wonten ingkang banter loempatipoen: mloempat ing barongan deling ori. Hla; dados damel anggèning ngoedoenaken.

Barongan makaten, pantjèn tontonan ramé, nanging wonten ingkang sok adamel gela. Jèn lampahing arak-arakan kesesa, ladjeng boten main, namoeng mlampah kémawon, endas-endasan radjawana kasoenggi rebah mawingking, toekang barong ketingal rainipoen toemoet nonton pijambak. Kedjawi makaten, koela soemerep wadosipoen radjawana ambrakot anggoewel tijang, poenika pantjèn sampoen kanti pangliring roemijin, milih tijang ingkang mangangge, dados panggoewelipoen waoe kadamel toetoep anggènipoen njebrot soesoek kondé, djoengkat, oedeng. Tamtoe kémawon boten ketaman panggrajangan, lan barang ingkang kénging, ladjeng ketoetoepan kemoeling radjawana, ketampénan tijang ing boentoet. Sarèhning oejel-oejelan, ingkang gadah nginten, barang waoe dawah oetawi kasebrot samining tijang ningali.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25.

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788