Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

7. POLAHING LARÉ

Boten wonten rijadin, jèn boten wonten Sijam. Sawoelan poenika tijang anglampahana poewasa, ngirangi oetawi tjegah neda, minangka tanda kaantepan dateng agami, sataoen namoeng katjobi sawoelan ngampah napsoe dateng kadonjan lan kamoerkan, ngiras pakantoek amboetjal reregeding erah. Ananging katah tijang sijam namoeng malik wantjining neda, malah langkoeng tjrobo tinimbang adat. Makaten poenika boten ngresikaken erah.

Ing dinten rijadi, wonten ingkang sarwa tinakèkaken, tetedan poenapa kémawon ing aloen-aloen wonten. Lah ingrikoe datenging goda, mripat iroeng adjak-adjak toembas tetedan sadjangkeping warni, ingkang gorèngan pedes-pedes, goerih; anget, ladjeng kaedjogan ingkang anjep, tanpa kamanah, jèn pakarti neda makaten poenika ngrisakaken praboting wadoek. Mila keleresan, déné sangoenipoen laré-laré doesoen poenika namoeng sakedik, dados boten saged neda trotjob-trotjoban. Witjantenipoen Siman: "Akoe maoe disangoni simbok: limang sèn, mengko arep toekoe soto waé rong mangkok." Witjantenipoen Simoen: "Akoe sangoe nem sèn sètèng, sing limang sèn kanggo toekoe tahoe koepat, gik ngisor ringin elor kana. Tahoe entèk, idjéh ngeses-ngeses kepedesen, tjoet minger, ndjaloek dawet gandos nganggo tapé teloeng keteng; wis wareg."

Wangsoel laré kita oetawi anaking bangsa soedagar, dipoen soekani jatra satangsoel, kawan ketip, poenika kaboetjal, kedah kalih tengah, tigang roepijah, wonten ing aloen-aloen ngradini sawarnining djadjanan. Rokok boten kendat, paribasan ngakep sinoemed tegesan. Rokok nipah (wangèn) ingkang boembon ngendemi poenika, jèn sampoen ngendog betik, ladjeng kadjapit deling tilas tangsoel toetoes, dèrèng kaboetjal, manawi dèrèng ngobong lambe. Toembas roedjak, soto, saté, tahoe panas-panas, noenten ngombé setroep mawi es anjep andjedjet, gantos wédang, dawet, njandak wowohan, tjriping, katjang, goreng-gorengan, emoet-emoetan. Prajoginipoen laré badé nonton poenika kapoerih neda ingkang toewoek saestoe roemijin, neda oelam inggih kasoekanana, soepados neda katah, mangke boten patos andjadjani, setoen djadjana riamoeng ombèn-ombèn.

DANDANG GOELA
 
Laré alit oedoed pating kletjis,
idoe tjah-tjoeh kekijer kepegan:
ing rokok, mripat mbarèbès;
koepeng angroeboeng latoe,
areng toemper ing sepet garing,
gentos ndamoni wangwa,
sarwi dipoen njoenjoek,
tjeng-oetjeng mertjon lombok bang,
oetjeng mempan: mletik-mletik sanding rai,
tjis, tjis, tjis, … mak ples pedjah.
 
Mertjon ingkang medjen dipoen saki:
"Engko sore digawe broeboesan,"
kantong beskap motol-motol;
loemampah roentoeng-roentoeng;
"Idjik pira elongé tjilik;
lèhmoe njoemed soek kapan?
ndjaloek sidji: akoe."
Ingkang gadah: "Adja, adja."
"Kok éram ta ndelok waé kok ra olih,
ora tak-epèk, ora!"
 
Gerdoe ageng ing pratigan margi,
kaenggénan tijang sadé roedjak,
roedjak doelit, oeleg, gobèd,
djenang growol lan grendoel,
katjang Tjina kentang lan oewi;
jèn mentas neda roedjak,
kepedesen mroentoes,
ngeses-ngeses mangar-mangar
ladjeng toembas katjang gorèng sangan: garing,
katjontong godong plasa.
 
Panas pedes soeda déning goerih;
tjetjontongé ngatjotjong ing kiwa,
teboe soendoekan sadompol
kadjapit dridjinipoen;
tangan tengen ingkang mitesi,
neda sinambi mlampah:
gegrombolan roeboeng;
katjang moeroegaken ngelak
ingkang kantoen djeboel djamoeren toer pait,
tengik aor alekak.
 
Gaber-gaber goewak-goewèk njoengir,
mboetjal tjontong santoen njandak rosan,
kesoesoe-soesoe polahe;
noenten ngepahi teboe,
ngelak itjal toer oentoe resik,
moeng ilat ragi lidas,
dadak teboenipoen,
sakeret ingkang poengkasan,
wijar tipis gabeng tengah: boten legi;
kok sarwa damel tjoewa.
 
Doedoeh teboe mliketi daridji,
kaosèrken dateng ing wit-witan,
malah reged ting tjelonèh;
"Enaké toekoe setroep;"
neda srebat ger-ager tlasih,
mawi ès sakeloewak;
sampoening kaoejoeb,
ampas srebat kaséndokan,
ès kapendet kakletak, ingkang sapalih:
kadamel ngoembah tangan.
 
Sampoen moebeng-moebeng neningali,
tombok gimer, ngalih tjapdjikijah,
kekéngingan ladjeng anglès,
ladjeng ngindjen setamboel:
pating tjrengèk ingkang menjanji,
soewara bléro brabah;
noenten ngalih toemoet,
ningali indjen-indjenan:
radja Toerki, Dajak, naga, tjèlèng srenggi,
… djeboel tjap rèk balaka.
 
"Hla enake apa ta saiki,
rampog doeroeng, tontonan wis boebar,
andjadjan disik betjiké,
engko ndang njéwa panggoeng,"
mingkis bebed ngoengak-oengaki
sakatahing sadéan;
ngemèk kantongipoen,
jatra sangoe taksih katah,
nloesoep bango tjintjing bebed linggih dingkik:
"Sadéni, kang: sedjinah."
 
Latoe marong kakebjok ing ilir,
awoe maboel, bakoel tépas-tépas,
gadjih kepanasan nggodjos,
angganda goerih prengoes,
sampoen mateng dipoen boemboni.
"Lontongé nikoe papat."
ngeleg tjlegak-tjlegoek;
tjekakipoen sampoen neda,
dèrèng telas nolèh ngatjoengaken dridji:
"Es podeng nganggo powan."

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788