|
8. KANDANG SIMA
Boten badé jèn sanak-sanak koela para moeda
djaman samangké poenika soemerep rampog, sabab awit
taoen 1905. Nagari sampoen boten amarengaken. Tjobi, poendi,
samangké tijang nganggé temboeng rampog?
Wontena: inggih rampog tjara Betawi, alijas kètjoe.
Mangké, koela kodjah bab rampog.
Kala alitan koela taksih katah wana ingkang wonten
simanipoen. Sima poenika sok ngaroe-biroe radjakaja toewin
tijang ing doesoen; mila pangageng, nagari andawoehaken
paréntah: njepengi lan medjahi sima, malah mawi
kaebang ing gandjaran awarni jatra f 10.- doemoegi f 50.-
saben angsal sima satoenggal, mawi-mawi ageng aliting sima.
Kala samanten saben riadin bakda Sijam, ing kita-kita wonten
pasamoean ageng mawi tontonan warni-warni wonten ing
aloen-aloen, boten sepen mamring kados djaman sapoenika
makaten. Tijang sanagari toemplek bleg ing kita, ningali
para prijantoen ingkang amoeljakaken riadin waoe wonten ing
kaboepatèn lan ing masdjid, sami mangagem ageng
(basahan). Lah sarèhning riadin poenika, dinten
karaméan ageng saestoe sataoen sapisan,
anggènipoen medjahi sima, ingkang katjepeng gesang
poenika kadawahaken ing dinten waoe, ngiras kadamel
tontonan. Taksih ing woelan Roewah lan Sijam,
doesoen-doesoen ingkang tjelak ing wana sami masang
delangkoep oetawi bekoengkoeng ing wana, inggih ngangkah
kalebetana sima, déné ingkang kadamel pakan:
ménda oetawi sagawon. Sima ingkang kénging
wisaja kabekta dateng kita, kakoeroeng ing krangkéng.
Ing satjelaking aloen-aloen mèh mesti wonten
pakarangan panggénan krangkèng waoe. Menggah
patrapipoen medjahi sirna waoe makaten: aloen-aloen wonten
kalangan wijar kiniter tijang ewon sami adedamel waos
(toembak), sima wonten ing delangkoep waoe sampoen
kapirantosan, wonten tangsoelipoen doedoetan pandjang.
Samangsa tangsoel waoe kasendal saking katebihan,
delangkoepipoen bedjad, toetoep angebroeki sima
inglebetipoen, dados poen sima noenten loemadjeng,
jèn njelak tijang: dipoen sosog ing waos. Lah medjahi
sima sarana waos déning tijang katah waoe kawastanan
rampog, ngrampog sima. Mila kala alitan koela; sok tijanga
masti gadah waos, toer dipoen openi sae. Ing perampogan
ngrikoe tijang amamèraken kasijat oetawi
kamandèning waosipoen. Tijang bangsa sabrang pamer
waosipoen oengkal-oengkalan ingkang wijar sarta petak
gilar-gilar warninipoen. Déné tijang katah,
sami nonton sawingkinging kiteran (baris) wonten ing
panggoeng, mènèk kekadjengan, oetawi
saakal-akalipoen.
Kala djaman rampog, ing satjelaking aloen-aloenipoen kita
ingkang rampog masti wonten pakaranganipoen panggènan
kandanging sima. Pakarangan waoe tjijoet kémawon,
kakoebeng pager inggih arapet, mawi kori
sakéténgan, ingkang kinantjing saben daloe.
Kandang sima waoe wonten ingkang andjagi. Inglebet tjepoeren
rikoe wonten krangkèngipoen
djèdjèr-djèdjèr, wonten ingkang
tosan, wonten ingkang roejoeng. Oekoeraning
krangkèng: wijar 2 M, inggil 2 M, pandjang oegi 2 M,
oetawi 3 M. Krangkèng roejoeng poenika tjalon
wadahing sima ageng, oekoeranipoen inggih langkoeng ageng
tinimbang krangkèng tosan. Manoet sandjanging tijang,
sima ageng poenika koewawi. mengkang roedji tosan ingkang
agengipoen sagaran arit; jèn dipoen krangkèng
roejoeng; boten poeroen boedi, sabab adjrih manawi
ketloesoeben. Krangkèng-krangkèng poenika
ingadjeng wonten korinipoen gedjligan, inginggil wonten
toetoepipoen tangkeban.
Manawi krangkèng sampoen isi sima, boten wonten
pedotipoen tijang ningali, ageng alit, djaler èstri.
Kala samanten saben tijan saged soemerep woedjoeding sima.
Wangsoel samangké, sareng boten wonten rampog,
awis-awis tijang soemerep kéwan galak. Saking
pamanggih koela, prajogi saben kita ageng ngingal patamanan
mawi kandang sato, tijang ingkang ningali kénging
tarikan palawang sasèn oetawi kalih sèn, jatra
angsal-angsalaning séwan waoe katoembasaken daging
pakaning sima, lan kanggé ambajari tijang ingkang
djagi. Kala-kala sima waoe dipoen pakani sagawon oetawi
kéwan alit-alit, ingkang katjemploengaken
gesang-gesangan ing krangkèng. Wah dados makaten:
patrapipoen sima ambekoek sato, poenika. Sagawon dipoen
demak kémawon goeloenipoen pepes.
Sawènèh tijang ningali sima poenika ngiras
nodi kawijananing doewoeng. Koela soemerep doewoeng wijana.
Sima ingkang soewaoe giras nebak-nebak sarta anggeroni
tijang lan njenggrang-njenggrang, sareng dipoen tjoengi
doewoeng waoe: sanalika andekem moengkoel, njoewara
anggroegoeh gereng-gereng, mripat merem-merem, boentoet
kaleker. Sawènèh doewoeng jèn dipoen
etjoengaken, malah kados anggegalak simanipoen.
Ing daloe maleming rampog, sima-sima ladjeng dipoen
lebetaken ing delangkoep; delangkoep kapasang ing
ngadjenging kori ingkang kadjoengdjoeng menga, sima
kaadjrih-adjrihan obor, dados andelik malebet ing
delangkoep.
|
|
(sebelum, Daftar
Isi, sesudah)
"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa.
Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan
Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923.
Serie No. 609. Regi. f 0.25.
- Buku aslinya milik:
- Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta
(BBY)
- Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
- Yogyakarta, DIY
- Surel: info@balaibahasa.org,
- Situs: http://balaibahasa.org
- INDONESIA
|
- Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk
elektronis
- oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
- bekerjasama dengan Sus Prihandani &
Susam Tri Yuli Haryati - BBY
-
- Diedit bersama dari hasil OCR (optical
character recognition) oleh
- Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
- Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com),
dan
- Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
- (Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30
Maret 2012)
|
oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc.,
Ph.D.
(Djoko Luknanto,
Jack la Motta,
Luke
Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/,
http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)
Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676,
519788
|