Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

9. ANDÈRÈK BAKDAN LAN BARIS

Koela sampoen oemoer kawan welas taoen, nalika samanten bapak koela dados goeroe pamoelangan, doenoenging pamoelangan wonten ing sapinggiring aloen-aloen. Mila manawi wonten karaméan, saben koela sadaja kesel mentas moebeng-moebeng sok kèndel ing pamoelangan; tijang sanès boten soeka toemoet malebet.

Ngleresi woelan Sijam, riadi kirang sapeken, bapak sampoen maringi waos parampogan sakawan, waosipoen poesaka, boten kaangge rampog. Bapak badé njepeng satoenggal, koela ingkang satoenggal, ingkang kalih katjepengaken kantja goeroe bantoenipoen. .

Donging bakda, koela, andèrèk ngampil-ampil dateng aloen-aloen. Ing wantji djam 8, para prijantoen sampoen ngalempak ing paséban manganggé ageng, kampoehan akoeloekan. Lenggahipoei sami lesehan ing djogan paséban, déné lèmèkipoen inggih lampit oetawi baboet alit bektanipoen pijambak, ingkang soewaoe kaampil abdi. Pambektanipoen lampit pasowanan makaten: kagoeloeng malik (aloesipoen wonten ing djawi) kapandi. Para abdi ingkang ngampil-ampil, kados ta: ngampil waos, pedang soedoek, lopak-lopak wadah ses oetawi gantèn, songsong, sami linggih ing siti sakoebenging paséban sawingkinging bandaranipoen.

Djam satengah sanga, sadaja prijantoen malebet ing kaboepatèn, lampahipoen kapajoengan, kagamelan monggang. Wonten ing pandapa nampèni pambagé wiloedjeng saking para prijantoen sarta bangsa sabrang partikelir, lan tjaos soengkem ingkang boepati. Noenten arak-arakaning èntjèk saking doesoen lan tontonan moebeng langkoeng ngadjeng pandapi. Prijantoen kakoeng poetri sami mriksani, oendoeripoen saking kaboepatèn ngarak adjadipoen ingkang Boepati dateng masdjid: bapak kalihan bandara djaksa kapatah dados gandèk masrahaken adjad wiloedjengan waoe dateng pangoeloe. Nalika taksih éndjing jam setengah pitoe, prijantoen ingkang kasdoe sami andèrèkaken ingkang boepati sembahjang ing masdjid waoe.

Saoendoeripoen saking masdjid, para prijantoen teroes dateng pasanggrahan satjelaking aloen-aloen sowang-sowang, perloe santoen anggèn-anggèn pradjoeritan, tjalanan, asikepan, destaran sarta toedoeng pèt, nganggar lan mangking doewoeng, ladjeng ngoepados papan ing pabarisan, pinajoengan. Panggènanipoen ing kalangan poenika manoet pernahing distrikipoen prijantoen waoe; waringin koeroeng kakoebeng ing barisipoen tijang kampoeng saoebenging aloen-aloen; para tijang bangsa sabrang, njonjah-njonjah lan toewan-toewan, sarta prijantoen poetri: mriksani ing panggoeng prijantoen

Sareng arak-arakan prijantoen medal saking masdjid, koela ningali loerah-loerah sampoen patjak baris, sadaja sampoen soemerep iring poendi panggénanipoen. Ing wantji poenika watawis djam satengah sawelas, bapak toemoenten noesoel ing baris kita wonten ing sisih elèr, dipoen pajoengi. Waos sadaja sami katantjebaken ing siti. Baris makaten tijangipoen ngadeg djèdjèr-djèdjèr, elet sasikoet, djèdjèraning tijang sap sakawan oetawi gangsal, ingkang njepeng waos landéan tjelak kapoerih baris ingadjeng; waos-waos sadaja masti sampoen kaliga, warangkanipoen kasangkelit. Jèn ebah ketingal pating tléram, déning pamor oetawi landepipoen nampèl soroting soerja. Pajoenging prijantoen lan loerah doesoen ingkang mantja warni selap-sinelap abjor asri. Panganggénipoen tijang, ingkang baris manéka warni, dasar ing adjeng sampoen ajon sadoesoen-doesoenipoen, wonten ingkang katokan abrit sami abrit; lorèk-lorèk, tjemeng lan petak. Baris Kaoeman petak kados koentoel sewoe. Sawènèh tijang ingkang loetjoe mangangge kados badoeting circus kapal, kados tètèk mèlèk; sampoen ta, sabirainipoen. Jèn wonten tijang ingkang ketjelik klintoe panggènan, mangka ngoepadosi kantjanipoen ing imbang sanès, manawi medal tengah kalangan ladjeng dipoen soeraki tijang saaloen-aloen, ngantos klitjoetan sarta ketatelan lampahipoen.

Ing wantji djam sawelas, ingkang boepati, bandara, patih lan mantri kaboepatèn: malebet ing pabarisan, ingkang boepati nitih kapal dawoek ngoebengi barisan, ngoendoeraken poendi ingkang mbarendjoel. Tjekakipoen: nata baris, poenika dipoen wastani: kiter, ngideri barisan. Sarampoenging kiter, ingkang boepati mapan ing barisan sangandaping panggoeng prijantoen, oetawi minggah ing panggoeng. Lah poenika tanda jèn badé awit rampog. Wah koela kok bérag ningali pabarisan makaten. Poenapa senapati nata baris perang ing djaman kina poenika inggih makaten rekanipoen? Poenapa tijang baris mapagaken mengsah kados perang Bratajoeda, poenika inggih boten deg-degan manahipoen kados nalika koela toemoet baris rampog waoe?


1876: Rampogan Matjan. Gambar lithografi katja 12 saking boekoe
"The Indian Archipelago", the Hague, 1865-1876, object number 3728-430.
Juru sungging: Louis Henri Wilhelmus Merckes de Stuers (1830–1869) (sumber foto)

Ing saantawisipoen baris waringin koeroeng kalihan baris pinggir: wonten petèn kadjeng pandjang sadepa, wijar kalih kaki, katata moedjoer dateng ndjawi, ngoengkoeraken baris lebet. Petèn waoe delangkoep isi sima, taksih kentjeng pantèkipoen, balabag dasar dipoen soekani doedoetan pandjang angsal baris ing satjelaking ringin koeroeng. Gandèk toekang ngetjoelaken sima sami wonten ing barisan nglebet waoe.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25.

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788