|
10. NGETJOELAKEN LAN NGRAMPOG SIMA
Ing wantji djam kalih welas tèng, gandèk
winangsit kadawoehan wiwit ngetjoelaken sima. Ingkang dados
gandèk poenika loerah doesoen ingkang sampoen kalok
tatag kendel dateng sima, kinantèn kantja
satoénggal ingkang kewitjal tatag oegi. Gandèk
madjeng saking pabarisan ringin koeroeng njelaki delangkoep.
Panganggènipoen: tjlanan, sikepan, akoeloek tjemeng
oetawi woengoe, adodot kawoeng, sléndangan sampoer,
njengkelit wedoeng. Sadatenge tjelak delangkoep, andodok,
njembah dateng leresing ner palenggahanipoen ingkang
boepati, ngantos koela katoet nampi sembahipoen ingkang
boepati waoe. Gandèk ladjeng nginggahi delangkoep,
ambatjoki pantèk deling ingkan dados pikekahing
blabag iringing delangkoep, swaranipoen kepireng tak-tok
saking pabarisan, anoenten moedoen, andodok njembah, ladjeng
moendoer dateng pabarisan. Ingrikoe sampoen wonten kantja
ingkang andoedoet dadoeng. Sareng dadoeng kasendal,
delangkoepipoen bedjad, blabag nginggil andawahi sima
ingkang wonten inglebet.
1870-1892: Delangkoep Matjan. Juru foto: H. Salzwedel
(sumber
foto)
Simanipoen ketingal, linggih lingak-lingoek ningali
elèr-kidoel, bok manawi kémawon saweg
ngraosaken ngeloening endas déning kedawahan blabag
waoe, oetawi goemoen ningali tijang samanten katahipoen,
saged oegi bingoeng mireng swaraning monggang lan soerak
mawoerahan saking barisan pinggir lan tengah.
Sawènèh tijang mastani jèn sima waoe
keblerengen padanging soerja, bawanipoen mentas ketoetoep
salebeting wadah peteng. Sima ingkang katah-katah, inggih
poenika sima toetoel, sima kombang, ladjeng djoemrantal
malajeng, ing semoe badé medal saking kalangan
angoepados pandelikan. Sima ingkang ageng, sroeni,
gémbong, sadjakipoen ajeman, sasampoening
lingak-lingoek ladjeng mlampah
lengkèt-lengkèt, minggir oeroet barisan.
Tijang-tijang mastani: sima ageng poenika ngertos dateng
gandaning waos saé. Jèn nedya énggal
pedjah, inggih nenggel waos ingkang mandi, jèn nedya
bangga: milih baris ingkang boten kaenggenan waos wijana.
Koela sampoen ningali sima loetjoe, anggènipoen
lingak-lingoek kémawon langkoeng saking gangsal
menit, mlampah sakedap, ladjeng andjogrog malih, angop,
goeloeng ing roempoet ladjeng ngalèlèh,
dédé. Koela tamataken saking pinggir ketawis
manawi brengosipoen telas, djalaran kebrongot ing latoe obor
nalika kawedalaken saking krangkeng, margi boten poeroen
malebet ing delangkoep.
Jèn sima sampoen medal saking delangkoep, tetijang
ladjeng soerak, ing pangangkah poen sima noentena loemadjeng
nradjang baris. Sima ingkang ngajem-ajem, dipoen oerak-oerak
sarana sesawat mertjon ageng, terkadang dipoen poeroegi
tijang sawatawis asikep waos lan sandjata. Ingrikoe sima
ladjeng minggir. Koela sampoen naté ningali rampog
ing Blitar, simanipoen gémbong-gémbong, galak
ringas, toer ageng-ageng wedalan wana Lodaja. Kawartos
ingkang boepati ingrikoe kagoengan wasijat panemboeng
(tjemeti) ingkang neloekaken sima. Manawi tjemeti waoe
dipoen asta ingkang boepati pijambak kamainaken, sima
ingkang wonten tengah kalangan ladjeng loendjak-loendjak,
njoat-njaoet kados tjemèng ingkang dipoen sesiwo mawi
elar. Sima waoe kèdep sanget dateng tjemeti, ngantos
poeroen andjoged kados barongan Panaragan, kiprah-kiprah
gending gangga-mina oetawi ketèk oglèng.
Tjarijosipoen tijang malih, sima ingkang ageng oetawi
sepoeh, sok wonten ingkang mrimpeni: boten poeroen karampog,
jèn dipoen rampog badé ngobrak-abrik tijang
sanagari. Sima ingkang makaten, ladjeng dipoen pedjahi
sarana kablebegaken ing lepen, oetawi kakintoenaken dateng
Sala. Sawènèh sima ageng sirik pedjah kanti
rodjah-radjèh awakipoen, mila sareng kaetjoelaken
ladjeng ngideri baris, ngoepadosi waos ingkang sae. Koela
sampoen manoni sima gembong ingkang ladjeng andjogrog
sangadjenging waos mandi, mangap wijar, soekoenipoen
ngadjeng atawé-tawé. Hla dipoen toembak
telakipoen, andawah teroes pedjah. Loking tijang katah, sima
ingkang makaten waoe pantjèn neda dipoen roewat.
Poenapa inggih sima saged milih dedamel awon lan
saé, oetawi milih pedjah wetah (sakétja)
oetawi soroh amoek? Sakétja-sakétja poenapa,
tijang dipoen sosog waos!? Jèn saged milih saestoe,
poenapaa boten ngoental napas wonten inglebet delangkoep.
Saking kinten koela, sadaja waoe namoeng pangatik-atikipoen
tijang, mangsa wontena tijang soemerep dateng karenteging
manahipoen sima: boten! Dados sima mladjeng moebeng-moebeng,
oetawi andjrantal nerak pager waos waoe, sadaja koela anggep
amoeng ngoepados margi badé ngoengsèkaken
gesang, tanpa éngetan badé sakit
étjaning pedjah.
Poeroen boten poeroena, sima poenika dipoen peksa njelak
oetawi nradjang baris. Manawi sima ketingal tjolat-tjolat
angener pabarisan, tijang-tijang sami deg-degan manahipoen,
ladjeng mapan, badan ragi miring, soekoe kiwa ingadjeng
semoe nekoek (andjangkah), soekoe tengen kentjeng
mawingking, sadjak anoewak badan, tangan kiwa ingadjeng
njepeng landéjan, tangan tengen nekem boentar
(bongkot) sarta njolahaken ebahing waos. Lahiripoen
witjanten: "Ajo, mrénéa, tjan!" Nanging ing
batos: "Woed, blai! engko nèk mréné
pije?" Koela ningali tijang sakiwa-tengen koela wonten
ingkang angawé-awé ngoewoeh sima, solahipoen
kados badé andjedjoewinga ... batanging sima. Sareng
sima, keleresan madjeng dateng barisipoen, poetjoeking
waosipoen ketawis keder, koela mireng swara tretek-tretek,
lan èplèg-èplèg. Koela nolih
ngiwa nengen, ngoepadosi sangkaning swara waoe, sareng koela
tilingaken, djeboel oewangipoen tangga koela moengel
tek-tek. Tijang sakiwa koela bokongipoen moengel pleg-pleg,
déné tijang satengen koela bokongipoen
ngoplok. Sarèhning èplèg lan oplok waoe
gentosan, dangoe-dangoe koela laras kados keplokipoen tijang
tajoeban, mewahi gregeting monggang ingkang kepireng ing
koeping koela. Jèn nitik kawontenan ingkang makaten,
inggih mèmper, manawi tijang ingkang ngoewoeh-oewoeh
minta tanding koemroewoek poenika dèrèng
kinanten, jèn boten atinggal galanggang atjolong
plajoe.
Rampogan matjan ing Kediri (1890-1925)
Sima ingkang langkoeng sangadjenging baris ladjeng
kasosog ing waos, tamtoe kémawon manawi noenten madep
nedya loemawan nampel sarta njarap, ananging malah katampen
ing lelandep ngrangah kados sapoe megar. Jèn
katjotjog ing endasipoen, terkadang ladjeng ambalik
naradjang baris ing sanès iring. Dangoe-dangoe sima
waoe ngraos sakit, bingoeng poenapa gregeten, poenapa nekad,
ladjeng poeroen naradjang nenggel baris, ingkang mesti
inggih ngangkah medal saking paraméan, nanging
mrika-mriki sinosog ing waos, jèn rebah malah dipoen
krotjok, andadosaken pedjahipoen. Lah ingrikoe para wani
angas kados ingkang koela gambar ingadjeng waoe sami
mikantoekaken waosipoen, ngangkah wontena rah oetawi daging
sima ingkang katoet ing wilah, tjalon kanggé banda
oembag wani noembak sima. Rampog ingkang krojokan makaten
poenika koela wastani resah tatanipoen. Ingkang tata
saestoe, makaten: boten kénging noembak, jèn
boten sima dateng ngadjenging waosipoen, moerih sima boten
énggal pedjah, dangoea moebang-moebeng dados
tingalan, sarta katah tijang ingkang ngraosaken noembak
sima. Sima ingkang winatawis pedjah ladjeng
kagèrèd medal saking pabarisan déning
anteking gandèk.
1900-1927: Ngrampog matjan (sumber
foto).
|