Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

11. SIMA AMBABAL

Rampog poenika awèt dados kodjah ramé, jèn wonten simanipoen babal, inggih poenika saged medal saking kalangan. Tamtoe kémawon awèt pawartos waoe, sabab sok wontena sima oetjoel, amasti tijang ladjeng gègèr kados ampoehan, polahing tijang saaloen-aloen kados gabah dipoen interi. Hla ..., wonten tijang ketilapan anak, kapisah kalihan kantja, wonten sebrotan oetawi katjilakan alit-alitan. Poenika ingkang awet dados rembag. Koela sampoen rambah-rambah ningali rampog ingkang kebabalan. Ing Kediri wonten sima ageng saged ambabal, djalaran taksih giras lan kesit sanget, awit kéngingipoen sampoen malem salawé. Sareng oetjoel, tjoel teroes ambandang, boentoet ngetonggeng: ngener baris elèr. Sadatenging ngadjeng waos, dèrèng gajoek katoembak, mandeg djégreg, namoeng sakedap nétra, ladjeng mantjolot baleber, andawahi tijang ingkang esap ngadjeng. Tamtoe kémawon tijang ingkang kaener pandjangkah waoe ladjeng goendam-goendam, mawoer, nanging tanpa asasaran. Waos saking esap wingking boten andjageni tjolotan waoe, mila baris ladjeng dadal, sima babal. Nalika noesoep baris mengkang tijang, soekoenipoen angsal njakar tijang nenem ngantos gobrah-gobrah. Wah, polahing tijang kados poenapa! Baris ingkang noetoeti sima waoe bodol dateng wingking, toembak pating saladang, pating slarak kabekta loemadjeng, boten kanti pangatos-atos, makaten waoe kabekta saking goegoepipoen tijang katah. Tjobi, kagalih: wonten demang ingkang pajoengipoen rowak-rawèk kekrotjok waos ingkang badé kanggé nadahi dawahing sima nalika ketingal balebering pantjolotipoen. Pajoeng waoe inggih ladjeng kaboetjal ngenggèn (ngrikoe) kémawon. Wonten malih: satoenggiling mantri ingkang mèh kémawon kebelèh waos wijar. Tijang waos waoe katjontjong kabekta loemadjeng, wilahipoen andangak, langkoeng ngandap djanggoet. Oepami mantri waoe madjeng sanjari kémawon, tamtoe mak srèh pedot goeroengipoen. Kados makaten goegoepipoen tijang: jèn wonten sima ambabal. Saiba jèn perang saestoe, gek katradjang mengsah kados arja Panangsang oetawi Menakkontjar. Sareng dipoen pétangi, ing dinten waoe kéblat elèr ingkang apes, dawah: moengsoeh djaja, kalah ing djaba. Pramila saben badé rampog, tijang ingkang mangertos ladjeng metangi poendi papan ingkang apes, ingrikoe dipoen kandeli barisipoen. Déné koela ngoepadosi pernah ingkang sakinten wiloedjeng. Ingkang asring babal poenika sima alit, sabab tjrijosipoen: kresil, kesit. Sima ageng awis-awis babal, kedjawi jèn taksih giras sanget.

Tijang katah makaten anakipoen tijang katah, dados inggih warni-warni polahipoen. Mila ningali gègèring tijang éwon waktoe sima ambabal makaten waoe méksa wonten tijang ingkang kober nindakaken leloetjon oetawi oegal-oegalanipoen. Inggih kala pambabalipoen sima ageng waoe wonten tangga koela tijang nénéman, nonton sawingkinging baris. Sareng sima babal, pijambakipoen maladjeng nerak dasaripoen tijang sesadéan ing pinggir aloen-aloen ngloempati lintjak dasaran sekoel, soekoe sasisih andoepak koewali wadah rawon, sisihipoen ngidak toemboe sekoel, ladjeng dawah ngroengkebi bakoel ingkang sadé sekoel waoe. Keleresan sima ingkang oetjoel kepanggih andelik ingandap lintjak ngrikoe, mila lintjak waoe ladjeng kakiter waos. Kotjapa bodjonipoen bakoel sekoel, soemerep manawi lintjakipoen dipoen brobosi sima, andjelih toeloeng-toeloeng, ngagar-agar pikoelan kagebragaken dateng lintjak. Inggih mawoed sadaja sadéjaning bodjonipoen. Déné tangga koela waoe dangoe anggènipoen kroewelan kalihan bakoel sekoel, sabab soekoenipoen sasisih toemoempang ing lintjak, kesokan djangan rawon panas. Sareng soemerep poen laki anggebagaken pikoelan, nginten manawi badé dipoen pentoengi, djalaran andawahi, bakoel enèm waoe ladjeng tangi garégah, kagét soemerep waos sami ngatoeng dateng lintjak, noenten bakoel sekoel waoe dipoen glandang kagèrèd loemadjeng, oewalipoen sareng sampoen dateng ing margi: poen bakoel babak boenjak, tangga koela mlotjot soekoenipoen tengen, soekoe kiwa gaboel oepa panas, oedengipoen itjal. Sima ingkang ambabal ladjeng dipoen karotjok waos. Sadèrèngipoen pedjah, medal saking ngandap lintjak, ingrikoe bodjonipoen bakoel medal bramantyanipoen, anggebagi sima waoe mawi pikoelan, ngantos sapedjahipoen, sarwi akrenggosan angoedjar-oedjari sima, déné andjalari mawoeting dasaran sekoel sarta kawiranganing bodjonipoen.

Déné baris iring wétan kidoel kilèn panggah anggegreg. Ing wingkinging baris kidoel kawartos wonten tijang djaler ingkang anggagapi badanipoen tijang estri, konangan ing oepas poelisi, dipoen samblèg pedang. Tijang katah nginten manawi tijang waoe njebrot. Poen apes ladjeng dipoen taboki tijang katah, katetepaken mentas njebrot, ladjeng dipoen banda. Sarèhning kesajahan boten saged loemampah, ladjeng dipoen gotong tjara mikoel andapan. Sareng malangkah kalen, bebaoe doesoen ingkang mikoel etok-etok keplèsèd, rembatan kaproetjoetaken, dados tijang ingkang kagotong waoe dawah goemebroeg kedjegoer ing kalèn.

Sinten ingkang sampoen ningali gègèripoen tijang manawi wonten sima ambabal, tamtoe saged andoengkap kelampahanipoen wonten katjilakan alit-alitan oetawi ageng. Sarèhning tijang bakdan makaten sami mangangge sae, boten anggoemoenaken, manawi ing aloen-aloen poenika wonten tijang njebrot, ngoetil lan sasaminipoen. Ing kalangan pamainan, inggih sok wonten sesoemoeking toekar paben. Nanging sarèhning kadjagi poelisi kijat sanget, mila awis kadadosanipoen tijang toekaran.

Jèn badé wonten rampog, sawènèhing tijang sami ngedegaken panggoeng kanti palilahing pangageng. Panggoeng waoe ageng, panggoeng satoenggal saged amot tijang tigang ewoe. Ingkang katah nonton mawi noempak panggoeng makaten tetijang estri. Ingkang kadamel panggoeng poenika deling. Jèn boten saged-saged saestoe pandamelipoen, panggoeng waoe saged rebah déning kawraten. Tijang oetawi laré ingkang boten gadah jatra, sok poeroen mènèk ing wit waringin, ngantos epanging waringin sami rèmbèl awoh tijang.

Ing satoenggiling ariadi mawi rampog makaten, koela ningali dateng ing Blitar. Wonten sima kombang sampoen ketaton nradjang barisan, dipoen toembak tijang kénging wetengipoen. Sima ladjeng ngrangsang landéan ngantos mèh doemoegi ing tangan. Déné ingkang njepeng waosipoen, angetjoelaken sarta loemadjeng, awit adjrih karanggèh ing sima. Hla tijang kiwa tengenipoen boten saged noembak pramila lastantoen sima saged ambabal. Sima kombang makaten pinter menek, pladjengipoen anoedjoe satoenggiling wit waringin. O, kados poendi polahipoen tetijang ingkang wonten nginggil. Ingkang wonten ing pragak sami mantjolot, ingkang wonten ing epang sami mlorod. Ing oewit ngrikoe wonten Tjinanipoen, poenika mantjolot saking nginggil, dawah ing siti teroes soemapoet, sirah goebrah erah, sabab koelitipoen tjoplok satebah. Déné ingkang dados sabab, koetjiripoen toemangsoel ing soeloer, panginten pantjèn dipoen tjantjang laré. Kala samanten Tjina poenika sami koetjiran, dèrèng wonten Tjina goendoelan. Wonten malih sima ageng ambabal, ing Kediri. Ing sangadjeng lan salebeting panggoeng: wonten tijang bengok-bengok: "Matjané marani panggoeng." Tijang sak panggoeng sami goegoep, oejel-oejelan, panggoeng oreg manggoet-manggoet, ladjeng rebah mangadjeng. Pinten-pinten tijang ketaton. Tijang awon angsal alam ngrajah jatranipoen ingkang njéwakaken panggoeng, njebrot soesoek kondé, soeweng lan sanès-sanèsipoen.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788