|
1. KASENENGAN TJARA KINA
Koela welas ningali laré-laré ing djaman
samangké poenika, déné boten kober
ngraosaken bingah, sakétja lan béraging
laré kados koela roemijin. Anggènipoen saged
katog ngraosaken oembar lan ombèr kémawon
kados poendi, tijang saweg mingip-mingip
kaéngetanipoen kémawon sampoen kaperdi
ngapilaken: a, b, c, oetawi: h, n, tj, saladjengipoen.
Ngantjik oemoer 5 taoen sampoen kinaloengan sabak, ngamoedi
potlod, éndjing mbengkoek ing bangkoe, sonten sinaoe.
Koela mastani anak poetoe kita poenika sami kebrangas ing
piwoelang, kedadak dateng éngetan sepoeh sarta manah
betah.
Tjobi ta, para anèm poenika rak sami boten gadah
kaéngetan dateng kasenenganing laré.
Béndjing jèn sepoeh, sagedipoen ndongengi anak
poetoe inggih namoeng prakawis "aubade" dateng daleming
pangageng, nembang soeba-kastawa (ingkang boten angsal
wiramaning gending); ningali peken darma oetawi gambar
sorot. Satindak saoengel mesti sarana toentoenan, toelada,
patokan. Gek anggènipoen sinaoe gadah éngetan
pijambak béndjing poenapa?
Koela poenika bares kémawon; koela ingkang
sepoeh-sepoeh poenika rak lam-lamen dateng djaman alitan
koela, jèn panoedjoe tengoek-tengoek oetawi
loemah-loemah: nggagas polah koela kala taksih laré;
petakilan ingkang néka-néka, dolanan oeroet
pager, poenapa malih ingkang petakilan penékan,
blasakan ing sabin, tegil sarta gegroemboelan oetawi
bjoer-bjoeran ing sendang, gètèkan toewin
langèn ing lèpèn
sadaja waoe
andjalari mesem pijambakan. Saiba senenging manah, oepami
koela saged dados laré kados nalika alitan koela
malih (sampoen dados laré djaman sapoenika).
Laré malih botena kapéngin gesang tjara
kina, tijang koela poenika sampoen sepoeh makaten, inggih
ngadjeng-adjeng wontenipoen djaman kados kala alitan koela.
Pangraos koela kala djaman taoen sewoe woloeng atoes
sèketan doemoeginipoen taoen sèwoe sangang
atoesan, poenika tijang ageng alit kok namoeng ngraosaken
seneng kémawon. Mangka tjrijos-tjrijosipoen boten
kirang-kirang poendoetaning Nagari oetawi pangageng dateng
kantja alit, kados ta: pakarjan heerendienst, roenda
tètèk, djagi gerdoe, sewa-soegata dateng
loerah lan para bendara, ... ewa déné sadaja
waoe boten karaosaken dateng kantja alit. Sabab poenapa?
Boten lija namoeng déning asring kaadjak
seneng-seneng, ramén-ramén, dipoen soekani
tontonan, kaadjak neda étja. Tijang gesang neda
poenapa malih, jèn boten neda étja lan
seneng-seneng kalihan sesamining tijang? Déné
pandamelan inggih dipoen lampahi; awrata sapinten
awratipoen: mangsa botena wonten watesipoen, djer raga
poenika gadah raos sajah; namoeng oetek sampoen dipoen
momoti katah-katah!
Tjobi ta, poen anak kaoem nènèman poenika
nanggapa tijang sepoeh-sepoeh kapoerih ndongeng oetawi
kodjah, mangké rak kapéngin ngalami gesang
kados tijang kina. Koela poenika sampoen kelebet tijang
satengah kina, nanging boten meningi sakatahing lelampahan
seneng tjara kina, dasar koela makaten tijang oetoen, mila
boten saged kodjah ingkang aneh-aneh ewa samanten koela
poenika sampoen kasoewoeraken tijang kina blater toekang
oemoek!
Mangga sampéjan koela omongi, bok manawi
ndorakaken. Kala alitan koela, ingkang wonten pamoelangan
poenika namoeng ing kita, moeridipoen sampoen djaka-djaka,
landjon saking doesoen tebih-tebih. Djaman samanten goeroe
poenika dados pangengeranipoen laré-laré
sekolah, mila inggih renes, asring tampi angsal-angsal
djoewadah, emping, madoe, benda, kloewak, kemiri.
Laré ingkang boten sekolah sami mantjing,
angèn, iprik-iprik dateng wana pados kadjeng,
réntjang-réntjang tijang sepoehipoen ing
tegil-sabin, tengga tanem, mraoe, njikar. Dados sadaja
polahing laré poenika saking soemerep patraping
tijang sepoeh, ladjeng tiroe-tiroe, ginaon poenapa ingkang
badé dados panggaotanipoen in tembé. Lah
samangké rak boten; laré namoeng sinaoe ngadep
boekoe, saba ing Patjinan, wonten ing pamoelangan kepeksa
manoet-mitoeroet dateng toeladaning goeroe, wonten ing grija
boten kairi ing padamelan, doepeh kesel badan lan
oetek-ipoen saking pamoelangan. Laré kina dolanan
gobag, djombritan, djeloengan, lajangan, praon, langen,
geloetan, gangsingan, nini towong, sadaya waoe kanti
pladjengan ngébahaken badan; oetawi malih
oeran-oeran. Djaler-èstri ngantos sami ageng,
roekoen-kempal kados sadèrèk, teroes
doemoegining sepoeh. Tjobi laré sapoenika. kapoerih
kempal djaler-èstri, rak pidjer dados prakawis
kémawon!! Tijang kina sadaja saged noempak kapal,
nglangi, anam-anam,
Tijang sapoenika awis-awis
ingkang saged.
Boten namoeng laré kémawon, tijang sepoeh
inggih gadah dolanan kasenengan warni-warni: binten, tiban;
ngantosa pating glaler njermoemoeh ngemoe erah gegeripoen
inggih seneng kémawon, malah ketagihan. Sanadjan
saweg neda, manawi mireng kentènganing tiban inggih
tilar kokoh, loemadjeng ngloeroeg. Malihipoen: aben sawoeng,
djangkrik, andapan kalihan menda; gropjok mbeboedjeng ing
wana, tjongklang, tegar, sodor, sander, lan rampog, poenika
malah ageng-agengan, dalasan para agoeng toemoet. Makaten
waoe angger tijang saged ngraosaken, déning tanpa
wragad. Wangsoel samangké tijang katah namoeng nonton
tandangipoen tijang sawatawis, kados ta: bal-balan, balapan
kapal; poenika sanès dolananing angger tijang.
|