Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

2. BADE BAKDAN

Jèn manah raméning bakdan tjara djaman kina, inggih lajak kémawon manawi laré djaman alitan koela roemijin kepengin sanget toemoet ningali bakdan. Taksih kirang sawoelan bakdan waoe sampoen dados pangadjeng-adjenging laré. Laré nakal poeroen anteng, jèn dipoen girèn-girèni boten kaadjak ningali bakda. Sawènèh laré ndjadjani poeroen njèlèngi arta kanggé djagi-djagi béndjing bakda, kanggé toembas rasoekan sapanoenggilanipoen. Saja jèn riadi sampoen tjepak, pijer dipoen raosi kémawon: "Bakdané kurang limang dina, akoe wis ditoekokaké klambi abang.'' Katah ingkang witjanten bingah-bingah makaten: "Soek embèn bakda! Soek embèn bakda!'' Déné ingkang dèrèng gadah badé santoen panganggé sami soesah sanget, koewatos jèn estoe boten saged santoen.

Ing dinten malemipoen bakda, saweg riboet-riboetipoen tijang sepoeh ngladosi laré-laré lan réntjang-réntjang. Bodjo neda kateboesaken sengkangipoen saking pagantosan, anak neda rasoekan, sindjang, iket. Berah pangèn neda santoen mentering nem woelanan. Wonten malih ingkang riboet anggènipoen badé wiloejengan, pitrah lan betah sanès-sanèsipoen warni-warni. Toekang medel, toekang mbabar, gredji, kemasan, toekang njepoeh, srempengan njamboet-damel, mangkring berahanipoen.

Koela sasedèrèk sampoen naté ngraosaken mèh kasep angsal santoen makaten. Gek kados poendi, manawi panganggé boten dados sadinten malem riadi poenika, rak estoe bakdan manganggo loengsed! Tijang sepoeh koela lan réntjang sepoeh-sepoeh sami sengkoedan; ing pawon para èstri goemerah nglorod sogan lan ngerok sindjang ingkang mentas kababar. Bapak njikroe amesin rasoekan koela sedaja, réntjang sami mbedahi, dloedjoer-dloedjoer, itik-itik. Koela laré-laré, sakedap-sakedap noewèni dados lan dèrèngipoen; dèrèng mapan-mapan tilem jèn dèrèng ndjadjal rasoekan ingkang saweg dloedjoeran. Sareng sampoen ndjadjal, pinanggih boten kaliten, saweg poeroen mapan tilem.

Éndjing djam gangsal sami tangi, teroes adoes groedjoegan dateng soemoer tanpa mawi kaatag. Bibar adoes ningali sindjang énggal pating kledèr soemampir ing gawangan oetawi gèntèr, rasoekan énggal tjoemantel ing saka namoeng kantoen ngoenoesi benanging dloedjoeran kémawon. Kados poendi leganing manah! Laré alit-alit ladjeng dipoen bebedi, pidjer maoni: "Iki kok ngéné; emoh nèk kaja ngono; iki singsetna!" Sareng sampoen ladjeng kedédar-kedèdèr ing latar, dateng pinggir margi, iming-imingan rasoekan, gelang toewin kandoetanipoen arta. Makaten waoe sami njangga pintjoek isi sekoel goerih lan poenar, lawoeh sroendèng, delé gorèng lan doedoeh ajam. Tijang laré, badé neda poenapa malih, jèn éndjing-éndjing sampoen njangga pintjoek!

PANGKOER
 
Melek bjar tangi tjekékal
moelat dilah inglebet Ian ing djawi;
radi mbleret oeroebipoen,
kori kok taksih menga,
tengah djogan pipihan tegesan ngoembroek,
tjangkir nggoling ing lèpèkan,
tjèpres endeg-endeg kopi.
 
Mireng kloeroeking lantjoeran,
kempoel nang-noeng lamat-lamat atebih,
geroting sénggotan soemoer,
kesriking njapoe latar,
wewéntéhan ènget manawi ing daloe
ketileman nggèné nengga:
bapak anglemboer koelambi.
 
Sareng ngawasaken saka,
boten samar djasipoen tjita nik-nik:
dados, tjoemantel ing pakoe,
lega raosing manah,
ladjeng ngadeg medal dateng latar goegoep,
repet-repet dèrèng padang,
hawa asrep bangoen éndjing.
 
"E, lah ija iki bakda,
kèri dandan, kabèh wis pada tangi,
ora gelem nggoegah akoe."
Ladjeng adoes groedjoegan,
gebjar-gebjoer seger anget tojanipoen,
sareng mentas saking toja,
mrinding kesilir ing angin.
 
Énggal mantoek rerikatan,
sèlèh saroeng: broek, santoen sindjang alit,
aken nata wironipoen,
njepeng saboek oeloeran,
endas léjo ingadjeng tjantolanipoen,
sila sangadjenging bapa,
neda dipoen ket-iketi.
 
Sabab anjobi djingkengan,
boten dados déning sirah kelimis,
oedengé tansah maloeroet,
sampoené ingoedengan,
ladjeng ngilo katja boender tanpa wengkoe,
toer goroh wah sampoen petjah,
rasane sampoen belirik.
 
Nanging sampoen keleresan,
ladjeng ngepang sarapan sekoel goerih,
lawoeh sambel goreng sajoeb,
sroendèng semara-dana, .
sareng padang anganggé rasoekanipoen;
mertjonan sangadjeng grija,
ngandap régol pinggir margi.

Ing margi sampoen katah tijang langkoeng, ing wantji djam nem lan pitoe tanpa wonten pedotipoen tijang loemampah, limrahipoen bajak-bajak bebrajatan, sadaja mangangge bakdan, dalasan tijang mikoel roempoet inggih rasoekan setrikan. Kawoeningana, kala samanten dèrèng andjrah rasoekan djas petak, oegi dèrèng tjara: tijang goendoelan, kedjawi laré kita. Poendi wonten rasoekan petak: inggih modin, djongos Walandi lan tijang sabrang. Adi-adining rasoekan èstri: soep, badénipoen laken, moher, koelitan. Tijang kita nggegoedjeng anggèn-anggènipoen tijang doesoen, sipat djaler mesti iket-iketan, awit malem rijadi sampoen djingkengan ngetrap oedeng, inggih poenika oedeng-oedengan matjak gedèn saestoe. Poetjoeking oedeng kapanteng sarana kadjapit djempol kalihan dridji soekoe, badé koentjoeng katjakot, ladjeng nata lempitan lan wiron. Tijang doesoen poenika ketawis kémawon. Sindjang oedengipoen ratjak latar petak tjap, sogan abrit, iket-iketanipoen sadjak anggedaboel poenapa ambedoedoeg sanginggiling koeping, koentjoeng tanpa katekoek, kontjèr nglèwèr. Bebedanipoen djigrang, wiron anggedodor. Jèn nganggé rasoekan setrikan adjrih lémbéan, dados lampahipoen kakon, boten nolah-noleh: kantja kalih kapoerih ngapit-apit, witjantenipoen: "Mengko nèk tekan ngaloen-aloen akoe gotjekana waé, ja!" Wangsoelaning kantjanipoen: "He-eh!!"

PANGKOER
 
Kantja ngredi tebih kita,
taksih daloe djam tiga sampoen tangi,
nedani maésanipoen;
roempoet sampoen sadija,
wingi sonten anggènipoen ngarit njeroek;
saoer angiras sarapan,
adandan saanak rabi.
 
Anakipoen tansah béka:
"Gagi ta joeng, akoe dandani disik,"
gidro-gidro senggroek-senggroek,
koewatos jèn katilar;
anak djaler sapihan lema kekoentjoeng
ngetapel wonten nggéndongan,
jèn dipoen doenaken nangis.
 
Poen bijoeng ndjoengkati lawan,
djedjoengkatan pijambak, wira-wiri;
dangoe-dangoe sampoen rampoeng,
ladjeng sami bidalan;
kantja djaler ngénggalaken saking ngloeroeng.
"Wis, ja, mbok, mangsa bodoa
neng ngomah sing ngati-ati."
 
Lampahipoen dedoeloeran,
Kedap-kedap manawi anglangkoengi,
grijaning tepanganipoen,
tjeloek-tjeloek angadjak, ,
sareng mlampah ngénggalaken ingkang kantoen,
bok èstri joemangkah wijar,
anak noetoeti angidjig.
 
Kang soerja sampoen soemoenar,
ingkang mlampah waoe sami nglangkoengi,
margi tegil moedjoer ngidoel,
ing pinggir katah séla,
ageng-alit sawènèh anggampèng manjoel,
kados papan madjeng ngétan,
kakang doesoen angendeli.
 
Ningali ajang-ajangan,
ngadjengakan séla sarwi nggrajahi,
lantjipaning adoe mantjoeng,
kapidih kéring kanan,
inggil sisih, ketingal wajanganipoen,
ladjeng dipoen tata papak,
sarana dipoen doedoeti.
 
Bedoedoeg nginggil talingan,
Inkang méntjol ladjeng dipoen taboki;
andangak ladjeng andingkloek,
kados ngilo ing katja;
sasampoening keleresan ladjeng moendoer,
ngadeg ngiringaken séla,
ngemek mongol, mripat nglirik.
 
Ajang-ajangan ing séla;
sampoen boender, namoeng ing sirah nginggil,
taksih wonten ingkang moentjoe,
ingoesap dinoelekan,
sampoen mlipis boten koetjiwa ing wangoen,
kontjer noenten siningsetan,
ladjeng mangkat mlampah malih.

Laré-laré ingkang sami pamer panganggé ing wantji éndjing waoe, saweg jam pitoe kémawon sampoen woeda malih, poepoeranipoen belang-belang, labet mentas nangis sadangoening dolanan, oetawi tjèprès tilas neda poenapa-poenapa.

Loerah-loerah doesoen sami malebet kita ngetoetaken tontonanipoen, darat oetawi nenoempak, rasoekan sikepan, tjlanan, bebed kawoeng oetawi latar tjemeng, kairingaken déning pagondal, koeloek taksih kabekta ing laré kaboentel katjoe abrit, pajoeng kabekta ing tijang malih; pantes sanget loerah waoe njepeng tjemeti, senadjan boten noempak kapal; awit ngiras kadamel bektan, andjagèni kadamel mranata lampahing tijang.

Mila jèn bakda boten mawi karaméan, tijang ladjeng boten gadah kabraèn dateng panganggé sataoen sapisan.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25.

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/itd/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/itd/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788