Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

3. PRIJANTOEN BOESANA

SINOM
 
Prijantoen badé boesana,
sampoen animbali modin,
ingkang mentas nampi pitrah,
ndikakaken andodoti,
wonten ing dalem wingking,
tengah djogan ngandap lampoe,
sanding koersi lan kenap,
ingkang katoempangken baki,
isi moga saboek pasmèn bara-bara.
 
Namoeng ngagem soewal petak,
ngasta kampoeh dipoen
sapontjot ladjeng pinoendak,
ngrangkoes pontjot sanès malih,
kaseblakken mawingking,
kaoebetaken ing lamboeng;
ki modin djèngkèng nata,
koentja ingkang nglèwè wingking,
soewal-soewel miwir ladjeng moendoer njawang.
 
Ndoedoeti poendi kang tjekak,
andjèwèri ingkang nglempit;
pontjot kang nggoebet bangkékan,
anoenten dipoen singseti,
teroes dipoen saboeki,
sakedap kémawon rampoeng;
modin ladjeng pamitan:
mantoek, sampoen dèn lilani;
ndara bèi dipoen serati kang garwa.
 
Sasampoening réma tatas,
klimis, kagodi matitit,
mawi tangsoel pipih soetra,
oekelé dipoen kantjingi,
mawi harnal kekalih,
ladjeng tjoendoek djoengkat penjoe,
wangoen djeroek saadjar,
perloe kanggé djagi-djagi,
bok manawi mangké oekelipoen woedar.
 
Angrasoek kemédjan petak,
dipoen toempangi ing roempi,
toetoepan mawi gèsperan;
ngaso sakedap roemijin,
ngoendjoek sadijan kopi,
tjangkir ageng mawi toetoep,
teroes dahar sarapan,
njikat wadja toewin widjik,
raji ipé njikat teni lan wangkitan.
 
Bendara poetri boesana,
lenggah ing gelaran pasir,
ngadep pangilon djomplangan,
kagandjelan peti alit;
para njai ngladosi,
ngradjang pandan tjampoer bawoer,
wewadah baki Djepang,
telenan paroet winalik;
sasampoening seratan ladjeng geloengan.
 
Pidjer boten keleresan,
winoedar, seratan malih;
radjoet soetra isi sekar,
radjangan dipoen lisahi,
kaboentel réma rempit,
minangka soebalan ramboet;
leres poenika pandjang,
ananging namoeng sakedik.
Kaping gangsal saweg gatra geloeng malang.
 
Ngatoeri njawang kang raka,
saking wingking radi tebih,
"Mpoen sae napa niki: mas?"
Bendara bei mangsoeli:
"Nèk akoe ja wis apik."
"Rasane kok koerang nggandoel;
djadjal, Jem; koewi katja,
sing ana ing medja toelis,
tjekelana neng boeri rada ngiringan."
 
Kanggé godeg sampoen kekah,
kalih djam dados, prajogi,
laler méntjok mlèsèd dawah,
soenggaran noetoepi koeping,
soesoek kondé kekalih,
tjinantjang ing godèn ramboet;
tjoendoek serat goenoengan;
wingi sonten sampoen lati,
tjemeng gilap kintjlong-kintjlong ngelar kombang.
 
Sengkang sinom gemboeng emas,
inglebet kaisèn gotri;
djadam laken tjemeng énggal,
ingandap dipoen gandjeli,
kertas alit ginoenting;
kakosok ing sikat oentoe,
mawi kapoer boeboekan,
soepados gilap lan resik;
sareng sampoen ladjeng kaseleh nglepekan.
 
Samangké noenten tasikan,
wedak sapoet ing does alit,
katoetoel tjoewolan kapas,
ingoesapaken ing rai;
sasampoenipoen radin,
ladjeng awit dipoen remboeg,
kasambi mamah kinang,
ngiras sèlèh sindjang loerik,
badé santoen tjoewiri babaran Sala.
 
Sadangoenipoen njampingan,
wongsal-wangsoel dateng kori,
ketjoh doebang sarwi ngasta,
setagèn belirik abrit;
paningsetan matinting,
doemoegi sanginggil lamboeng;
kasmekanipoen modang,
poetjoekipoen dipoen kempit,
soemalempit sakilan wonten ngiringan.
 
Angagem rangkepan petak,
ladjeng soetra tjemeng sampir,
peniti kroen mèh satebah;
poetra alit lan pra njai,
sampoen rampoeng ngentosi,
lan nggéndong ampilanipoen
wadah gantèn, ketjohan;
déné ndara bèi oegi,
sampoen ngagem tjalana, teni, wangkitan.
 
"Iki, boe, disik benakna,
sengkelitna keris iki;
gegeré teni silakna,
ben adja noetoepi keris."
Sampoen dipoen ladosi,
ndara poetri wangsoel ngremboeg;
poepoer ngilo ing katja,
tjéprésan doebang ing lati,
kaoesapan katjoe mawa lisah mawar.
 
"Tjah lanang sing nongsong sapa,
pajoenge wis diserbèti.;
ndjoepoek lampit tjilik kana:
ndoewoer tempat tidoer: disik;
Bendoel nggawa ses iki,
nggawaa oepet sing empoek,
nèk wis ngadanga dokar,
loro, djarané sing betjik.
Lemariné, kamar-kamar kantjingana."

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25.

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788