|
14. BAKDA SIJANG DOEMOEGI DALOE
Awit djam sakawan sijang doemoegining serap, wonten
tetingalan kasenenganipoen bangsa priboemi kados ta:
pénékan poetjang, oewod-oewodan poetjang,
sander, terkadang aben-aben. Pénékan poenika
koela wastani dolanan kirang maksoed. Poetjang
kalétro ing gadjih, ing poetjoek kagantoengan katjoe,
jatra lan plangi. Sinten ingkang saged ménék,
kénging mendet sadaja barang ingkang wonten
inginggil, dados poetjang satoenggal namoeng mikantoeki
dateng tijang satoenggal. Ingkang sok poeroen
ménék poenika namoeng
kéré-kéré kémawon.
Jèn oewod-oewodan poenika langkoeng ramé.
Sinten saged ngoewod poetjang ogal-agil (poetjang
katoempangaken ing kenteng); angsal mendet barang ingkang
kaseleh ing poetjoek. Tijang sepoeh, oetawi laré,
katah ingkang poeroen njobi.
Sander poenika kelangenanipoen para loerah-loerah lan
bebaoe doesoen, noempak kapal maladjeng, njabet gegantoengan
prémi ingkang kentoel-kentoel ing gawang; kapal
ingkang sampoen tjelak gawang dipoen mertjoni. Dolanan
poenika prajogi, sabab anggegesang kabraèn dateng
ingon-ingon lan noempak kapal. Ing djaman alitan koela,
sadaja bebaoe doesoen sami gadah kapal, toer
saé-saé, awit saben pangageng tindak pepriksa;
loerah-loerah ingkang badé kelangkoengan doesoenipoen
kakarsakaken ndèrèk ngoeroeng-oeroeng
kréta titihan. Malah saben woelan waktoe kempalan
prijantoen ing kaboepatén (conferentie),
résiden kapetoek kekapalan, kondoeripoen samanten
oegi. Wonten goeroe koela sepoeh, tjarijos makaten:
"Dék tjilikanakoe bingén, jèn ana
rawoehan oetawa wijosan, ikoe loerah-loerah masti
tjongklang, pirang-pirang poeloeh kehé, manganggo
pradjoeritan, koeloekan anggawa ronték.
Djarané bagoes-bagoes, banter-banter. Wong tjongklang
mono noenggang djaran miloe bandangan karo djarané
kréta pos, ora kena mandeg lan nolih. Sanadjan
koeloeké singsal, kerisé roentoeh, ija ora
lérén, moelané dék samana oeroet
ratan wijosan maoe masti ana roentoehan barangé wong
tjongklang."
Daloening dinten riadi, ing kaboepatén wonten
pasamoean ageng (pista), para prijantoen sowan malebet
malih, tamoe prijantoen Walandi inggih kedah dateng malih.
Kala samanten tijang malebet pakarangan kaboepatén
oetawi ing dalem, poenika katemboengaken: (me)njang djero.
Ing pinggir-pinggir latar tèrèk dasaring
tijang sadé rokok, sekoel goerih lawoeh lodèh
ajam, sambel gorèng kering lan dèndèng
keboek; lintjak dasar roedjak, lotis, katjang Tjina, sarta
teboe keretan. Sesadéan sanèsipoen, taksih
panggah ing aloen-aloen. Ing aloen-aloen taksih wonten
mainan dadoe, klentengan, tjapdjikijah, kodok oela.
Tamoe prijantoen mangagem sikepan, njampingan, destaran,
kalenggahaken koersi djèntrèk ing pinggir.
Djaman samanten prijantoen poenika angger mingked masti
ambekta abdi. Poenika inggih ngaten, taksih kairing pajoeng,
lopak-lopak, terkadang pedang soedoek (sabet),
déné toedoeng pèt ingkang
kaanggé nalika loemampah; sadatenging
kaboepatèn ladjeng kaanggé ing abdi ingkang
ngampil pajoeng, nanging moengkoer. Abdi-abdi waoe linggih
ing sawingkingé bendaranipoen, dados angsal nonton
ingadjeng. Dalasan prijantoen poetri inggih kairing pajoeng,
(pajoeng poetri poenika tanpa menoer), akemoel rimong,
dèrèng wonten mantel tjal oetawi kap kados
ingkang andjrah ing samangké makaten. Abdi
èstri ngampil wadah gantèn boten kantoen.
Kinten-kinten djam sanga wonten swara: toek, trotoek,
toek, toek,
ngantos gangsal menit dangoenipoen,
sinareng oengeling gangsa ageng gending sampak, poenika
tanda jèn wajang tijang ing pandapi badé
wiwit. Wah
, kados poendi balebering tijang dateng
ngadjengan! bjoek-bjoekan ngesoek papaning abdi-abdi.
Nanging saénipoen bangsa koela poenika:
kénging kaeréh, poeroen kadodokaken, dados
tijang katah saged nonton sadaja. Ringgit tijang mawi
lampahan oetawi petilan; kèndel djam kalih welas
oetawi djam satoenggal. Tamoe njonjah-njonjah lan
toewan-toewan sami mantoek, tamoe Djawi kasegah lelangen
tajoeb, natas éndjing oetawi teroesan, bibar ing
wantji sonten. Pista kaboepatén waoe kala-kala
ngantos tigang dinten tigang daloe, terkadang mawi dansah
poenapa. Hla poenika ingkang ngrogoh kantongipoen ingkang
boepati pijambak; tjobi kasambia kagoengan damel mantoe,
inggih redja saéstoe. Ing riadin, ingkang
kantoen-kantoen, para wadana damel taroeb njatoenggal ing
podjok aloen-aloen, ngiras pasanggrahan, kaanggé
ambodjana poenggawaning distrik pijambak-pijambak, tajoeban
oetawi wajangan. Béndjing Sawalan (tjara kina), para
wadana gentos gadah damel, toemoet ngrogoh kantong,
sawenèh distrik inggih rampog barang. Djaman
samangké kados poendi tjaranipoen?
|