Bakda Mawi Rampog
anggitanipoen R. Kartawibawa (Bale-Poestaka, Weltevreden 1923)

dikumpulkan dari berbagai sumber
untuk mempercepat penyebaran informasi secara efisien
dan menambah percepatan kemajuan Indonesia tercinta ...

13. KADATON SIMA

Sapamireng koela tanah ingkang ketjeloek kadaton sima poenika: ing Lodaja (Blitar kidoel), Gadoengan (Paré, Kediri), Kedoewang (Wanagiri), Tjilatjap. Ing poendi-poendi wana inggih wonten sima, nanging boten pating sliwer kados ing wana-wana ingkang koela atoeraken poenika waoe, simanipoen gémbong-gémbong, ageng-ageng, paribasan: tipaké salajah-lajah. Saja redja nagarinipoen, saja telas wananipoen, telas simanipoen. Manoet tjarijosipoen tijang sepoeh-sepoeh, sima poenika reraton, ratoenipoen: sima petak siloeman. Poenggawanipoen ingkang ageng-ageng, oegi sami njiloeman, nanging kénging dipoen oendang lan dipoen tingali tijang, djandji mangertos sarat-saratipoen pangoendang lan segahanipoen.

Sima gadoengan poenika kawartos kedadosaning tijang ingkang sampoen magoeroe ngelmoe malih sima makaten. Tjetjrijosipoen wonten, nanging koela kesoepèn. Bapak inggih naté ngomongaken: tijang sadoesoen Gadoengan poenika sami saged dados sima, jèn djagi gaga ing wantji daloe oetawi kekesahan sami malih sima. Gogol doesoen djagi ing grijaning loerah, jèn daloe sami malih sima, nanging saged sapakartining tijang, kados ta ambekta dilah, naboeh kentongan sapanoenggilanipoen. (Mendah anggènipoen pating glidrah!). Wonten loerah bawah Toeloengagoeng kesah pados katrangan prakawis dateng tanah Madijoen, Panaraga. Jèn neda pasipengan, mangka ngaken tijang Toeloengagoeng, poenika déning tijang boemi dipoen anggep tangganing gadoengan, inggih boten dipoen soekani pasipengan, terkadang kepeksa tilem ing goeboeg soewoeng, jèn sipeng ing grijaning loerah: dipoen djagi tijang katah asikep gegaman ligan; koewatosipoen gek malih sima ladjeng noebroek ingkang gadah grija.

Déné wana sanèsipoen, isinipoen pantjèn sima kéwan. Nanging sarèhning kawastanan wonten ingkang ngingah, dados manawi masang sima inggih mawi nemboeng dateng ingkang ambaoe reksa wana: neda sima kéwan roetjah kémawon kasoekanana. Makaten poenika koela wastani kapertjajaning tijang doesoen. Nalika wana taksih ketel, padoesoenan dèrèng seseg, sima poenika pating taloesoer ing pakarangan kados sagawon kémawon, terkadang nenggani tijang kondangan, tijang sadéjan wantji daloe. Boten kirang doesoen ingkang gadah bentoewah (baoe reksa warni sima, ngatingalipoen ing dinten saé, sarta boten poeroen angganggoe damel, sanadjan kerep kosod gedèg oetawi mlebet kandang, radja-kaja. Saking katahing sima, tijang doesoen inggih boten adjrih. Tijang kateda sima kaanggep begdjan-begdjan, lan boten ngegèt-egèti kados pawartos djaman samangké. Saking tjarijosipoen tijang katah, saben mentas rampog makaten: asring wonten sima ketingal andjogrog ing prapatan margi ingkang lindoek, (poenika jèn sonten); sima waoe aloesipoen sima ingkang pedjah karampog. Koela pijambak boten naté mranggoeli.

(sebelum, Daftar Isi, sesudah)


"Bakda Mawi Rampog" anggitanipoen R. Kartawibawa. Uitgave van de commisie voor de volkslectuur. Wedalan Bale-Poestaka. Drukkerij volkslectuur - Weltevreden 1923. Serie No. 609. Regi. f 0.25. 

Buku aslinya milik:
Perpustakaan Balai Bahasa Yogyakarta (BBY)
Jalan I Dewa Nyoman Oka 34,
Yogyakarta, DIY
Surel: info@balaibahasa.org,
Situs: http://balaibahasa.org
INDONESIA
Senin, 19 Maret 2012: diubah kedalam bentuk elektronis
oleh Djoko Luknanto (http://luk.staff.ugm.ac.id)
bekerjasama dengan Sus Prihandani & Susam Tri Yuli Haryati - BBY
 
Diedit bersama dari hasil OCR (optical character recognition) oleh
Djoko Luknanto (luknanto@ugm.ac.id),
Joko Purbopuspito (jpurbop@yahoo.com), dan
Nurida Finahari (nfinahari@yahoo.com)
(Pengeditan naskah selesai pada Jumat, 30 Maret 2012)

oleh Ir. Djoko Luknanto, M.Sc., Ph.D.
Facebook - PerkuliahanTweeter - Djoko LuknantoLinkedin - Djoko LuknantoFacebook - Djoko Luknanto
(Djoko Luknanto, Jack la Motta, Luke Skywalker)
(Alamat situs ini: http://luk.staff.ugm.ac.id/bmr/, http://luk.tsipil.ugm.ac.id/bmr/)  

Peneliti Sumberdaya Air
di Laboratorium Hidraulika
Jurusan Teknik Sipil dan Lingkungan, Fakultas Teknik
Universitas Gadjah Mada
Jln. Grafika 2, Yogyakarta 55281, INDONESIA
Tel: +62 (274)-545675, 519788, Fax: +62 (274)-545676, 519788